Senin, 11 Januari 2021

Struktur Layang Pribadi kelas 8

Ing ngisor iki babagan ngenani struktur Layang pribadi yaiku:

1.PAPAN lan TITI MANGSA : Nelakake alamat lan wektu panulisaning layang. Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.

2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :

    a. Rinengga sugenging pakurmatan.

    b. Tansah winantu suka basuki.

    c. Katentreman lan karahayon

    d. Winantu ing bagya mulya.

    e. Sembah sungkem.

3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep – arep supaya kang dikirimi uga slamet.

4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.

5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane : 

    a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.

    Lamongan, 8 April 2013 

6. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha : 

a. Saking ingkang putra

b. Bapakmu ing omah

c.Adhimu saka paran, lsp

7. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.

8. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang


Rabu, 06 Januari 2021

Drama Modern kelas 9 Semester Genap

1. Teks Drama Modern

          Drama yaiku crita panguripan sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung, kanthi kreativitase panulis teks/ naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pacelathon/ dhialog, lan tingkah laku.

          Ing saben pamentasan drama perangan kang paling penting lan luwih dhisik kudu ana, yaiku teks drama lan piye carane nulis teks drama. Teks drama modern menawa ditintingi bisa kaperang dadi loro, yaiku (1) blegere teks dumadi saka struktur teks, unsur basa, lan nilai moral/ budi pekerti, relevansi nilai budi pekerti, lan (2) carane nulis teks drama prasaja (sederhana).

          Teks drama bisa diarani drama wutuh yen dipentasake, mula ing wulangan iki uga bakal kaandharake sapa bae sing nyengkuyung pementasan drama lan piye carane main drama.

1. Bleger/ wujud teks drama bisa dideleng saka perangan wewangunan utawa struktur sing bisa mangun wacan lan perangan basa kano dumadi saka panganggone tembung, lan ukara. a. Struktur teks drama/naskah drama dumadi saka dhialog, tema, tokoh, plot. 1) Dhialog : pacelathon kang kudu diucapake para paraga, anggone ngucapake kanthi penghayatan slaras karo tokoh sing diperanake.

2) Tema : inti crita sing digunakake nemtokake lakune crita lan tujuane.

3) Tokoh : paraga sing dadi lakon ing drama, lakune slaras karo karakter/watak sing ana ing crita drama. Kanggo nguripake tokoh ing lakon drama lumrahe wis ginambarake kanthi lengkap, watak, kapribadene lan ciri - ciri fisike.

4) Plot : alur utawa rerangken sing ngrakit crita ing teks/naskah drama, nanging uga ing saben adegan, ditemokake plot. Plot dumadi saka:

 a) Eksposisi : perangan paparan sing nepungake tokoh, menehi katrangan ngenani papan panggonan, wektu lan swasana/situasi, uga paparan ngenani rengrengan crita sing arep dipentasake. Lumrahe rupa sinopsis crita, sing ngandharake paparan mau arane narator.

b) Komplikasi : konflik/masalah awal sing ndadekake crita wiwit lumaku, ana tantangan lan gayeng ing saben-saben adegan.

c) Klimak : konflik-konflik ing adegan-adegan muleg dadi konflik puncak utawa klimak.

d) Anti klimak: klimak ing saben adegan nyawiji lan wiwit nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet

e) Ending/resolusi : kawusanane crita.

b. Unsur basa:

Unsur basa sing diandharake lan ditintingi diwatesi ana ing wujud rakitane teks, yaiku teks dhialog lan gancaran. Teks dhialog minangka teks sing bakal dilisanake para paraga, salaras karo panulisane ukara langsung/ lisan lan salaras uga karo trap-trapane basa. Teks gancaran bisa manggon ing awal arane prolog, ing akhir diarani epilog sing diwacakake dening narator/ dhalang, uga bisa wujud andharan sing ana sesambungane karo panggung lan apa bae sing sing kudu diparagakake paraga.

c. Relevansi nilai budi pekerti kang nggathukake, nyambungake, lan nyocogake nilai budi pekerti karo panguripan ing jaman saiki.

2. Nulis teks drama

Lakone teks drama sumbere saka lelakon ing kasunyatan uripe manungsa, nanging bisa saka lelakon sing wis rupa crita (cerkak, novel) utawa saka liya-liyane. Ing ngisor iki carane nulis teks drama prasaja:

a. Milih tema sing bisa dadi inspirasi, tema sing dipilih sing dianggep paling dramatik/ ana konflik (pertentangan).

b. Saka tema, nemtokake plot.

c. Nemtokake tokoh lan penokohan (sifat, watak, perilaku, ciri fisik, Isp.).

d. Nulis crita jangkep.

3. Main Drama

Dhasar-dhasar main drama.

Paraga/pemeran bisa maragakake lan nguripake tokoh sing ana ing teks drama kudu paham lan nguwasani dhasar-dhasare main drama. Dhasar-dhasar main drama sing paling penting kudu dikuwasani, yaiku:

a.       Interpretasi : paraga/pemeran kudu bisa nginterprestasekake teks/ naskah drama salaras karo tokoh sing diparagakake.

b.      Ekspresi : sesambungan karo owah-owahan praen/wajah sing bisa nggambarake lan nguripake tokoh ing drama.

c.       Olah tubuh : obahing awak wiwit saka pucuk rambut ngantos pucuk sikil sing bisa nuwuhake greget lan nguripake tokoh ing drama.

d.      Olah swara : kajelasan, katepatan vokal, artikulasi, dan intonasi.

Sawise nyemak pethikan teks drama ing dhuwur, menawa ditintingi manut bleger/ strukture wujude kaya mangkene:

a. Dhialog, yaiku teks sing isine omong-omongane Badri, Sudra, Mban Surantani, lan Abah Mehong.

b. Tema, saka pethikan teks drama ing dhuwur bisa didudut manawa temane masalah sosial.

c. Tokoh, tokoh ing pethikan teks drama ing dhuwur Badri, Sudra, Mbah Surantani, lan Abah Mehong.

d. Plot

1) Eksposisi utawa tetepungan, dikenalake lumantar: Prolog lan adegan 1, tokoh : Badri, Sudra, latar waktu (dina iki), panggonan lan kahanan (prapatan pasar Manukan, panas).

Adegan 2 : tokoh Mbah Surantani, Abah Mehong, latar waktu (awan), panggonan lan kahanan ( emper toko, panas)

2) Komplikasi, ing kono titikane wiwit ana prakara, prakara koran durung payu, karakit jangkep ana ana ing dhialog nomer 6, luwe, setor asile koran, dhialog nomer 7 nganti 12. Nulungi Mbah Surantani, diseneni Abah Mehong, dhialog 17 nganti 43. Lan ing adegan-adegan sateruse.

3) Klimaks, prakara dadi tambah ngambra-wara lan mucuk nyedhak marang kahanan kang kebak reruwet. Badri lan Sudra sawise nulungi Mbah Surantani, minangka piwalese Badri karo Sudra arep disekolahake.

4) Anti klimak, klimak wis wiwit nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet Badri lan Sudra ijin wong tuwane dhewe-dhewe. Badri diijini melu Mbah Surantani, Sudra ora diijini wong tuwane.

5) Ending/resolusi, kawusanane klimaks wudhar, Badri bisa nerusake sekolah, nanging Sudra ora sida nerusake sekolah.

Pepeling

Stuktur Teks Drama

Eksposisi, pengenalan utawa tetepungan,  tetepungan karo tokoh/paraga, latar/setting, prakara/prastawa, sing ana sajerone teks, drama.

Kompikasi, tegese wis ana perkara sing bakal dadi underan/pokok lan ndadekake aluring crita.

Klimak, prakara wis tambah ngambra-ambra lan ruwet.

Ending/resolusi, prakara wis nemokake dalane kanggo ngrampungi.

Selasa, 05 Januari 2021

Geguritan Kelas 7 Semester Genap

 Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.

Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.

B. Ciri - ciri geguritan

Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :

1. Ora duweni patokan utawa aturan kayata guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra

2. Duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e

3. Duweni bahasa ingkang endah lan mentes

4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang                             geguritan

C. Unsur - unsur intrinsik 

Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :

1. Tema

2. Bahasa kang endah

3. Judul Geguritan

4. Diksi

5. Citra

6. Purwakanthi

7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

D. Jinis - jinising Geguritan

Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :

1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)

2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)

3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

E. Syarat syarat maca Geguritan

Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :

1. Wirama -->  Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.

2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan

3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan

4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan

Layang Pribadi kelas 8 Semester Genap

Layang yaiku alat utawa piranti kang duweni wujud tulisan sing ditulis ing dhuwur kertas kanggo nyampekake uneg uneg utawa pesen kanggo wong liyo.

Jinise layang miturut isine ana 6 yaiku:

Layang Iber-Iber (pribadi)

Layang Kitir (telegram)

Layang Ulem (undangan)

Layang Lelayu (kabar kepaten)

Layang Paturan (pemberitahuan/ edaran)

Layang Dhawuh (perintah)

1. Layang Iber Iber

1. Layang iber iber yaiku layang pribadi kang isine bab utawa perkara kang pribadi . 

Layang pribadi iku layang non formal, perangane layang pribadi yaiku

- Papan lan titimangsa

                -       Adangiyah (adawiyah)

                -       Pambuka

- Surasa basa/ isine layang

- Wasana basa/ panutup layang

- Peprenah

- Tapak asma

- Asma terang

2. Layang Kitir 

 Layang Kitir  yaiku layang kang isine cekak aos, biasane ing B.Indonesia diarani MEMO,  layang kitir duweni perangan bebas , contohe yaiku


                                                                                                                            

3.  Layang Ulem 

Layang Ulem yaiku ulem kang ngaturake rawuh amarga arep nandang gawe, contohe "ulem nikahan,ulem sunatan". Layang ulem duweni perangan yaiku Titi mangsa, Adangiyah, Isi , Panutup, Prepenah, Asma terang lan Keterangan                                

4.  Layang Lelayu yaiku layang sing ngabari wong kesusahan utawa kepaten (kematian), duweni perangan : ,satata bahasa,Purwaka, Surasa Bahasa, Wasana Bahasa,Peprenah, tapak asma, Asma terang. Contohhe layang lelayu yaiku


5.  Layang Paturan yaiku layang kang isine menehi kabar utawa ngabari sing kudu direteni wong akeh, contohe layang saka Pak lurah kanggo Pak RT kang isine wara-wara lomba Agustusan kang kudu di wara-wara akeh ing masyarakat, biasane duweni perangan bebas , tergantung sapa sing gawe.

6.  Layang Dhawuh  yaiku layang saka dhuwuran(pangkate) marang andhahane contoh, layang saka pak lurah kang isine rapat kang duweni perangan lengkap.

Rabu, 21 Oktober 2020

Materi Pidhato Kelas 9


Pidhato utawa sesorah yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane. Pidato uga diartekno micara utawa matur sawijining gagasan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.  Ancasing sesorah/pidhato yaiku:

1.       Atur Pambagyo

2.       Atur kabar/paring informasi

3.       Atur pangajak

4.       Atur panglipur

5.       Atur panyarue/ngemutake

Tujuan Pidhato

Pidhato umume duweni tujuan kaya ing ngisor kasebat :

1.Nyedhiyani informasi, yaiku nyedhiyani pangerten informasi kanggon pamireng / pamiyarsa.

2.Persuasif / ngajak, yaiku mengaruhi pamireng/pamiyarsa kanggo nindakake saran utawa propaganda pidhato ditulis dening penulis pidhato.

3. Hiburan utawa rekreasi, yaiku ndadekake wong liya seneng karo pidhato, saingga bisa ndadekake pidhato kang di sampeake bisa marem.

 

Urut-urutane pidhato yaiku:

a.       Salam Pambuka

Isine ngucapake salam marang para rawuh/ tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.

b.      Purwaka

Isine pangucap sykur lan panuwun marangn Gusti kang Maha Agung.

c.       Isi/ wigatining pidhato/ surasane

Medhrake apa bae kang dadi wigatining pidhato

d.      Pangarep-arep

Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/ tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur.

Tuladha : Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ing sekolah)

e.       Panutup

Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone pidhatoana kaluputan ing bab basa lan tindak-tanduk.

f.       Salam panutup

Ngaturake salam marang para rawuh

 

Selasa, 20 Oktober 2020

Tembang Kreasi Kuncung Kelas 7

 KUNCUNG

(Anggitane Ranto Edi Gudel/ dipopulerake dening Didi Kempot)

 

Cilikanku rambutku, dicukur kuncung

Katokku, soko karung gandum

Klambiku, warisane mbah kakung

Sarapanku sambel korek, sego jagung...


Kosokan watu ning kali nyemplung ning kedhung (byur)

Jaman ndisik durung usum sabun

(Pabrike rung dibangun)

Andhukku mung cukup, andhuk sarung

Dolananku montor cilik soko lempung


(Pis holopis kuntul baris)

Rekasane saiki wis
(Pis holopis kuntul baris)

Gegere gek mbok ndang uwis


Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder (ser)

Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter

(sing ngudang mbok e)

Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder (ser ser)

Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter


Ha na ca ra ka

Iki cerito jaman semono

Da ta sa wa la

Iki cerito soko wong tuwa


Wangsulana pitakon ing ngisor iki !

1. Sapa sing nembangake lelagon kreasi ing dhuwur ?

2. Lelagon kasebut sapa sing ngripta ?

3. Kedadean apa sing digambarake ing lelagon iku ?

4. Ana ngendi panggonan dumadine crita sing digambarake lelagon kasebut ?

5. Tembung kreasi liyane sing kongerteni apa wae ? Sebutna 5 wae !

6. Miturut jinise, tembang kreasi ana pira ? Sebutna !

7. Tembang dolanan apa sing koelingi ? Coba sebutna 5 wae !

Teks Mawa Ragam Basa lan Basa Rinengga Kelas 8

 

Teks Mawa Ragam Basa lan Basa Rinengga

a.       Ragam basa gegayutan karo basa mau apa, kepriye, sapa, kapan, lan ana ngendi basa mau digunakake manut keperluane. Mula ragam basa kuwi bias kapilah-pilah manut dhaerah utawa wilayahe, situasine, lan panganggone. Ragam basa Jawa, yen dideleng saka wilayahe diarani dhialek, tuladhane ing Jawa Timur, ana dhialek, Surabayan, Malangan, Bojonegoroan, lan sapanunggalane. Yen dideleng saka kahanane bisa kapilah basa formal lan informal. Pranatane undha-usuk basa Jawa uga diarani unggah-ungguh basa.

b.      Basa rinengga salah sawijine lelewaning basa (gaya bahasa) asli kaprigelan olah basa minangka sarana olah rasa, olah jiwa, lan olah karsa. Lelewaning basa bisa katitik saka pilihan tembung, pangrakite ukara lan wacana, sing tundhone bisa ndadekake tambha endah, nges, lan mentes. Basa rinengga iku basa kan direngga, rengga tegese paes. Basa rinengga tegese baa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih apik, endah, lan ngresepake.

Basa rinengga sing dadi underane rembug ing wulangan iki winates paribasan, bebasan, pepindhan, lan saloka.

1.      Bebasan : unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan kan ulah-kridhane manungsa.

Tuladha:

a.       Esuk dhele sore tempe = gampang molah-malih lan ora teteg atine

b.      Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bias akur

c.       Arep jamure emoh watange = gelem kepenak ora gelem rekasane

2.      Saloka : unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge. Tuladhane :

a.       Gajah alingan suket teki, tegese lahir lan batine ora padha bakal ketara.

b.      Idu didilat maneh, tegese wong kang menehi dijaluk bali maneh utawa murungake janji kang wis diucapake.

c.       Kacang mangsa ninggala lanjaran, tegese pakulinane anak biasane niru tumindake wong tuwane.

 

3.      Pepindhan : unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane. Tuladhane :

a.       Kaya Lintang alihan, tegese cumlorot utawa cepet banget kaya kilat.

b.      Niba nangi, tegese anggone nyambut gawe polahe ora leren-leren siji mari ditandangi, sijine kudu enggal ditandangi maneh.

c.       Gagah prakoso kaya raden werkudara, tegese gagah, gede, lan kuwat banget.

4.      Paribasan : unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah. Tuladhane :

a.       Ana catur mungkur, tegese ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.

b.      Aji godhong garing, tegese wis ra ono ajine babar pisan.

c.       Cecak nguntal cagak, tegese gegayuhan kang ora imbang kekuwatane.

 

 

 

Struktur Layang Pribadi kelas 8

Ing ngisor iki babagan ngenani struktur Layang pribadi yaiku: 1.PAPAN lan TITI MANGSA : Nelakake alamat lan wektu panulisaning layang. Alama...