Unsur Basa Teks Dheskripsi
Jinise tembung
Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10, yaiku :
1. Tembung aran (kata benda) yaiku tembung sing nerangake
sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang.
Tembung aran
diperang dadi loro, yaiku :
a)
Tembung aran sing kasat mata
Tuladha : gunung, jaran, jeep, pura, omah, dalan, segara,
lan sapanunggalane.
b)
Tembung aran sing ora kasat mata
Tuladha : pemandhangan, kabudayaan, pariwisata, lan
sapanunggalane
2. Tembung kriya (kata kerja) yaiku tembung sing nerangake
pagawean.
Tuladha :
lunga, dolan, tuku, turu, numpak, nulis, mangan, njaluk, nggambarake,
nerangake,ngowehi lan sapanunggalane.
3. Tembung kahanan (kata sifat) yaiku tembung sing nerangake
watak, sipat, lan kahanane samubarang.
Tuladha :
adoh, cedhak, ayu, panas, sugih, kepenak, sengsara, luwe, panas, nengsemake,
lan sapanunggalane.
4. Tembung katrangan (kata keterangan) yaiku tembung sing
nerangake tembung aran, tembung kriya, lan tembung kahanan.
Tuladha :
saiki, awan, bengi, sesuk, minggu ngarep, lan sapanunggalane
5. Tembung wilangan (kata bilangan) yaiku tembung sing
nerangake cacahe utawa jumlahe barang lan pepangkatan.
Tuladha : siji,
loro ,telu, sepuluh, selawe, seket, satus, sesendhok, sethithik, akeh, kabeh,
pirang-pirang, separo seprapat,sak menit, ka-2 lan sapanunggalane
6. Tembung sesulih (kata ganti) yaiku tembung sing dadi
sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang.
Tuladha :
aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, kae, lan sapanunggalane
7. Tembung ancer-ancer (kata depan) yaiku tembung sing
dienggo nyambung tembung kriya karo panggonan.
Tuladha :
ing, saka, menyang lan sapanunggalane
8. Tambung panggandheng (kata sambung) yaiku tembung sing
dienggo nggandheng gagasan loro utawa luwih.
Tuladha :
nalika, karo, lan , banjur, mula, yen, manawa, sebab, lan sapanunggalane
9. Tembung panyilah (kata sandang) yaiku tembung sing
dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wes genah.
Tuladha :
sang, si, para lan sapanunggalane
10. Tembung
panguwuh (kata seru) yaiku tembung sing nerangake rasa pangrasa.
Tuladha :
ah! , adhuh!, oh!, hore!, ya ampun... !, lho!, haa!, lan sapanunggalane.
Adhedhasar
materi ngenani jinise tembung ing dhuwur, para siswa nduweni tugas ngelompokake
utawa ngidentifikasi saka Teks Deskripsi “Candi
Borobudur” ing pertemuan sakdurunge (link YouTube https://www.youtube.com/watch?v=DapxOfizY2U ) miturut jinise tembung dhewe-dhewe.
Tuladha : Aku lunga ing Candhi Barabudhur
karo kancaku minggu ngarep.
Tembung aran : Candhi Barabudhur,
kancaku
Tembung sesulih : aku
Tembung kriya : lunga
Tembung ancer-ancer : ing
Tembung panggandheng : karo
Tembung katrangan : minggu ngarep
Note : Catetan ngenani jinise tembung wajib ditulis !
sumber :Buku Kirtya Basa Dinas Pendidikan Jawa Timur