STRUKTUR TEMBANG
KREASI
Ora ana struktur
gumathok kang dadi pathokane tembang kreasi. Teks tembang kreasi anyar
strukture bebas, nanging amarga wujude tembang nduweni titi laras lan cakepan
.
1. Titi laras yen ana ing istilah seni musik saemper
karo tangga nada. Asale saka tembung titi kang ateges angka, tulis, notasi,
utawa lambang lan l aras tegese susunan nada. Dadi titi laras iku notasi tulis,
huruf, angka utawa lambang kang nuduhake laras tartamtu. Titi laras,
utawa cukup diucapake laras, kaperang dadi loro, yaiku: a) Laras slendro
‟‟Slendro‟‟ iku salah sijine laras ing gamelan. Saliyane slendro, ana uga
pelog. Ana 5 swara, dumadi saka swara 1 2
3 5 6 (diwaca : ji ro
lu ma nem). Laras slendro ora ana
swara 4 (papat) karo 7 (pitu). b) Laras pelog Beda karo laras slendro
kang mung dumadi saka 5 swara, laras pelog nduweni 7 swara. Dumadi
saka 1 2 3 4 5 6
7 ( diwaca ji ro lu pat
ma nem pi).
2. Cakepan yaiku naskah, teks, utawa syaire tembang
kreasi. Cakepan tembang iki sejatine ora beda karo wangun geguritan kang banjur
dilagokake. Saliyane titi laras lan cakepan, struktur teks tembang kreasi
kang awujud langgam (campursari) ora bisa dipisahake karo struktur lagu populer
liyane. Ing kono tinemu bagean-bagean, kaya ta intro, v erse (pada),
chorus ( ref fai n ), lan ending . Perangan-perangan iki ora kudu ana ing
tembang dolanan. Intro, yaiku laras wiwitan kang murwakani sawijining
tembang. Perangan iki nduweni fungsi kanggo menehi kalodhangan wiraswara
(penyanyi) kanggo nyiapake dhiri sadurunge tembang dilagokake. Intro biasane
awujud instrumen musik tanpa cakepan. Verse yaiku perangan pada pambuka.
Ana kalane uga diarani pada basabasi amarga ora nduweni isi kang
wigati. Nanging perangan iki penting, jalaran kanggo mlebu marang isine
tembang. Tembang sing apik nduweni perangan verse sing kuwat tumrap melodi lan
harmoni, ora kalah karo perangan reffain . Chorus (reffain) iku perangan kang
dadi intine tembang. Ing perangan iki pangripta medharake pesan moral tumrap
pamiarsane, mula perangan iki biasane dibolan-baleni. Perangan chorus iki
minangka roh utawa klimakssawijine tembang kreasi. Ending , utawa diarani pada
panutup iki perangan cakepan tembang kang kanggo mungkasi sawijine tembang
supaya krasa nges, ora mandheg ndadak. Wujude bisa perangan reffrain kang
dibolan-baleni, bisa uga pungkasaning lagu kang dibolan-baleni, utawa instrumen
khusus kang sengaja digawe kanggo mungkasi lagu.
Saliyane titi laras
lan cakepan, struktur teks tembang kreasi kang awujud langgam
(campursari) ora bisa dipisahake karo struktur lagu populer liyane. Ing kono
tinemu bagean-bagean, kaya ta intro, verse (pada), chorus ( ref fai n
), lan ending . Perangan-perangan iki ora kudu ana ing tembang
dolanan.
1. Intro, yaiku laras wiwitan kang murwakani
sawijining tembang. Perangan iki nduweni fungsi kanggo menehi kalodhangan
wiraswara (penyanyi) kanggo nyiapake dhiri sadurunge tembang dilagokake. Intro
biasane awujud instrumen musik tanpa cakepan.
2. Verse yaiku perangan pada pambuka. Ana kalane uga
diarani pada basabasi amarga ora nduweni isi kang wigati. Nanging
perangan iki penting, jalaran kanggo mlebu marang isine tembang. Tembang sing
apik nduweni perangan verse sing kuwat tumrap melodi lan harmoni, ora kalah
karo perangan reffain .
3. Chorus (reffain) iku perangan kang dadi
intine tembang. Ing perangan iki pangripta medharake pesan moral tumrap
pamiarsane, mula perangan iki biasane dibolan-baleni. Perangan chorus iki
minangka roh utawa klimakssawijine tembang kreasi.
4. Ending, utawa diarani pada panutup iki perangan
cakepan tembang kang kanggo mungkasi sawijine tembang supaya krasa nges, ora
mandheg ndadak. Wujude bisa perangan reffrain kang dibolan-baleni, bisa uga
pungkasaning lagu kang dibolan-baleni, utawa instrumen khusus kang sengaja
digawe kanggo mungkasi lagu.
Sumber : http://smpn20sby.ip-dynamic.com/smpn20sby/mod/page/view.php?id=238