Pidhato utawa sesorah yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane. Pidato uga diartekno micara utawa matur sawijining gagasan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu. Ancasing sesorah/pidhato yaiku:
1. Atur Pambagyo
2. Atur kabar/paring
informasi
3. Atur pangajak
4. Atur panglipur
5. Atur panyarue/ngemutake
Tujuan Pidhato
Pidhato umume duweni
tujuan kaya ing ngisor kasebat :
1.Nyedhiyani
informasi, yaiku nyedhiyani pangerten informasi kanggon pamireng / pamiyarsa.
2.Persuasif / ngajak,
yaiku mengaruhi pamireng/pamiyarsa kanggo nindakake saran utawa propaganda
pidhato ditulis dening penulis pidhato.
3. Hiburan utawa
rekreasi, yaiku ndadekake wong liya seneng karo pidhato, saingga bisa ndadekake
pidhato kang di sampeake bisa marem.
Urut-urutane pidhato yaiku:
a. Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para rawuh/ tamu, minangka tandha sapa aruh
lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.
b. Purwaka
Isine pangucap sykur lan panuwun marangn Gusti kang Maha Agung.
c. Isi/ wigatining pidhato/ surasane
Medhrake apa bae kang dadi wigatining pidhato
d. Pangarep-arep
Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/ tamu supaya apa kang dadi
gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur.
Tuladha : Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih
dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak lan ibu guru. (Manawa
iku adicara pepisahan ing sekolah)
e. Panutup
Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone pidhatoana
kaluputan ing bab basa lan tindak-tanduk.
f. Salam panutup
Ngaturake salam marang para rawuh
