Minggu, 12 Juli 2020

Materi Cerkak Kelas 8

Assalamualaikum wr.wb

Sugeng rawuh, murid-murid pripun kabaripun ? Mugi-mugi lujeng sedanten. Sakdurunge melebu ing materi, Bu Tita badhe ngelingake kanggo murid-murid sekalian yen kita kabeh kudu jaga kesehatan lan keresikan kanggo merangi virus Covid 19. Carane yen metu saka omah wajib ngangge masker, kudu kerep ngeresiki tangan ngangge tuyo sing mili lan sabun, njaga jarak, ngedohi kerumunan, nedo panganan sing bergizi lan olahraga.

Nah murid-murid sakdurunge enek sing wis kerungu ngenani cerkak ? Yen durung kerungu monggo disemak sareng-sareng ngenani cerkak kanthi premati.

Cerkak yaiku crita kang isine ringkes lan nganggo basa gancaran, prasaja lan ora mbutuhake wektu suwe anggone maca, utawa crita kang dawane ora luwih saka 10.000 tembung. Dadi, cerkak iku crita kang cekak, isine fokus ing sawijining paraga sarta sawijining kedadean kang dialami paraga iku.

·    Struktur Teks Cerita Cerkak

a. Unsur intrinsik cerkak

1.      Tema : gagasan utawa ide sing dadi underane crita, bisa dititik langsung saka ukara -ukara ing teks, utawa dijupuk saka inti critane.

2.      Alur / plot : rerangkene kedadean ing sawijining cerkak. Alur lumrahe dumadi kanthi tahapan : (1) pangenalan/ eksposisi, (2) panantangan/konflik, (3) klimaks, lan (4) pamungkasan konflik (peleraian). Rerangken crita kang diwiwiti saka asale kedadean nganti akhire kedadean kanthi runtut diarani alur maju, dene rerangken kang diwiwiti saka akhire kedadean diarani alur mundur.

3.      Latar / setting : kabeh katrangan sing bisa dijupuk saka teks cerkak ngenani papan panggonan, wektu / wayah, lan swasana.

4.      Paraga / pamaragan (penokohan) : paraga ciptaan sing ana ing teks cerkak. Pamaragan (penokohan) yaiku kepriye anggone nemtokake wujud lan watake paraga salaras karo ceritane.

5.      Sudut pandang : empan-papane sing nyeritakake ana ing sajroning crita, bisa dititik tembung sesulih kanggo paraga utama ing cerkak.

6.      Amanat / pesen : piweling/ pesen sing kaandharake pangripta/ penulis katujokake marang sing maca. Saka amanat utawa pesen bisa dijipuk hikmahe lan bisa dicocogake sambung rapete karo panguripan ing saben dinane.

b. Unsur ekstrinsik cerkak

Unsur ekstrinsik cerkak yaiku gambaran ngenani jaman, adat istiadat, budaya, perilaku lan sikap masyarakat sing bisa ditintingi saka cerkak. Budaya sing bisa ditintingi saka cerkak yaiku budaya Jawa awit unggah-ungguh basane sing mung ana ing budaya Jawa.


Semaken tuladha teks cerkak ing ngisor iki kanthi premati.

 “Gusti Niku Sae”

Ing setunggaling dinten Pak Bejo tukang ojek online, uripe pas-pasan lan gadah anak taseh sekolah TK. Koyo biasane Pak Bejo ngeterake anake sekolah, banjur mangkal teng pinggir dalan, ngentosi pelanggan lewat hpne seng wus rusak. “Alhamdulillah, enek sing arep pesen?”. Atine Pak Bejo seneng banget, banjur pak Bejo nukokne nopo sing di peseni pelanggan wau.

Sakwise Pak Bejo nukokne panganan sing dipesen pelanggane, seng wektu iku enteke okeh banget sekitar 700 ewu lan ijik gawe duwite dewe. Pak Bejo goleki lan delengi alamat seng podo karo alamate sing pesen, bareng wus ketemu omahe Pak Bejo kanti sae lan santun maringne pesenan niku wau.

“Leres inggeh niki dateng Bu Suprih, niki pesenane jenengan Buk?”. Ibuke niku bingung kok pesenane akeh, padahal meng pesen siji. “Loh, Pak niki kok katah pesenan kula, kula niku namung pesen setunggal, nek sementen berarti telase katah Pak?” Pak Bejo inggi melu kebingungan “La teng mriki ibuk pesene 7 porsi buk, terus niki sisane pripun?”. Banjur ibuk wau mboten purun, amergi mboten gadah yotro 700 ewu. “Buk, kuloniki nggih mboten gadah yotro, soale anak kula nggih butuh berobat?”.

Akhire sego 6 porsi niku dibeto Pak Bejo, banjur Ibuk wau nyuwun ngapuro dateng Pak Bejo. Pak Bejo numpak sepeda motor karo bingung lan ngroso sedih amergi duwite telas damel tumbas panganan niku wau.

Pak Bejo mandek ing pinggir dalan lan mampir ing masjid, Pak Bejo ngakoni sholat lan dedongo marang Gusti Pangeran. Sak wuse Pak Bejo ndongo, Pak Bejo mbagikne panganan wau teng bapak tukang becak, wong dodol keliling, lan sak liane. Sak wuse niku segone diturahne setunggal damel mangan anake.

Pak Bejo kanti ngronto ningali yogane sing ijik cilik lan gadah penyakit niku, nanging Pak Bejo mboten ngetokne kasedihane, Pak Bejo ngajak anake mangan ing pinggir dalan, dumadakan enten tiang ikngkang lewat mriku maringi arto katang disukakne teng amplop. Pak Bejo langsu sujud sukur marang Gusti, sampun digantos ingkang langkung katah amerki kesabarane niku.

https://mudahdicari.com/cerkak-bahasa-jawa/

Gladhen !

Saben murid ngidentifikasi apa wae unsur intrinsik ing jerone cerkak “Gusti Niku Sae”. Kanggo hasile bisa difoto lan japri via WhatsApp utawa kirim ing email nurlailiiftita02@gmail.com  

Cekap sementen, matur nuwun.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Struktur Layang Pribadi kelas 8

Ing ngisor iki babagan ngenani struktur Layang pribadi yaiku: 1.PAPAN lan TITI MANGSA : Nelakake alamat lan wektu panulisaning layang. Alama...