Teks
pelaporan hasil observasi yaiku teks seng nerangake asile observasi kang wes ditindakake.
Observasi yoiku pengamatan utawa penelitian obyek kanthi cetho.
Struktur laporan asil
observasi
a. Dhefini umum / idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing
nerangake titikan (ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane.
b. Dheskripsi bagaen / klasifikasi yaiku perangan sing mantha
-mantha manut jinis utawa klompoke, utawa perangan sing nerangake gegembaran
sing luwih rinci.
c. Dheskripsi manfaat / kagunan yaiku perangan sing mujudake
simpulan utawa dudutan saka asile observasi
Wacan ing ngisor iki
wacanen kang titi!
Pencemaran
ing DAS Kali Brantas
Kahanan
ing daerah aliran sungai (DAS) kali Brantas wiwit
saka hulu nganti hilir saya nguwatirake. Karusakan ing
sadawane kali Brantas kang klebu kali utama ing Jawa Timur kasebut bisa ngancem
panguripan 14 yuta warga Jawa Timur. Pratelan iki dicathet dening sawijining
Organisasi Pecinta Lingkungan “ Sahabat Sungai Indonesia” sadurunge nindakake
panliten ing kali Brantas saka Malang nganti tekan Surabaya ing dina Setu, 13
April 2013. Kegiyatan nyusur kali brantas kang suwene nem dina nganti 18 April
2013 kasebut ditindakake ing sadawane kali. Kegiyatan nyusur kali iki kanggo
ngematake kahanane banyu kali lan resepane ing sakiwa tengene kali Brantas.
Para Sahabat Sungai Indonesia nindakake panliten iki kanthi ancas kanggo
mangerteni kahanane banyu lan karusakan-karusakan lingkungan ing sadawane DAS
kali Brantas.
Saka
panliten sing wis ditindakake Sahabat Sungai Indonesia,pranyata akeh ,sumber
banyu kang ilang saka Dhaerah Aliran Sungai Brantas.”Kahanan DAS Brantas saya
nguwatirake wiwit saka hulu nganti tekan hilir. Ing tlatah hulu yaiku ing kutha
Batu kecathet saya akeh sumber banyu kang ilang merga digawe sumber
irigasi lan bahan baku ngombe kemasan. Ing tengah lan ing hilir wis dicemari
dening lembah industri,”Mangkono pangendikane koordinator Sahabat Sungai
Indonesia, Catur Nusantara ing Malang wektu kapungkur. Miturut mas Catur, ing
tlatah tangkepan banyu DAS kali Brantas (gunung Wilis, Arjuna, Kelud, Welirang,
lan Semeru kulon) wiwit taun 1998-2007 wis akeh kelangan sumber-sumber banyu.
Ing
kutha Batu sing dadi kawasan hulu saka kali brantas sumber-sumber banyune mung
kari sethithik. Cacahe kari nyiysakake 58 sumber banyu saka 111 umber banyu
kang ana sadurunge.”Yen sumber banyu kanggo ngombe lan irigasi terus kekikis,
mula masyarakat bakal kangelan anggone golek banyu. Suwe-suwe masyarakat malih
tuku banyu kanggo bisa oleh banyu, lan iki musibah,” mangkono andharane mas
Catur. Saliyane babagan sumber banyu lan resepane, mas Catur ngandharake menawa
DAS kali Brantas uga nandhang pencemaran kang mrihatinake banget. Ora mung
limbah pomahan (rumah tangga) wae sing gawe pencemaran, ananging uga limba
industri kang mapan ing sadawane kali Brantas. Sahabat Sungai Indoneia nyathet
menawa ana 1.054 pabrik ing sadawane kali brantas, 40 saka pabrik kasebut
nduweni potensi ndadekake kali brantas tercemar amarga nduweni kapasitas limbah
330 ton saben dinane.
Kahanan
ing sakiwa tengene DAS kali Brantas gawe pengaruh uga tumprap kualitas banyu
ing kali Brantas. Anton Nevenanto, Dhosen Sosiologi Lingkungan Universitas
Brawijaya Malang kang melu nliti kali Brantas ngandharake, menawa perkembangan
dharatan ing sakiwa tengene DAS kali Brantas uga nggawa pengaruh tumprap
kualitas banyu ing kali Brantas. Menawa daerah ing nduwur kali gundhul bakal
dumadi erosi kang ndadekake sedimentasi ing jero kali. Sedimentasi iki nyata
bakal nggagu iline banyu ora lancar bakal nyebabake dumadine banjir.
1. Apa irah-irahan wacan sing wis kok
waca ing ndhuwur?
2. Andharake makna kata kang ana ing
wacan ndhuwur!
3. Andharake makna ungkapan kang
kaandhut sajrone wacan!
4. Isi kang kaandhut ing sajrone wacan kuwi mau apa?
5. Andharake isi sajrone wacan kasebut!
6. Jelasake pesan moral kang kaandhut
ing sajrone wacan kasebut!
1.pencemaran ing das kali Brantas
BalasHapus2.