Tembung Rangkep (Kata Ulang)
Tembung rangkep wujude ana telu, yaiku:
(1)
Tembung Dwilingga
Tembung dwilingga yaiku
tembung lingga sing dirangkep
Tuladha : bocah-bocah,
putra-putra, abang-abang, gawe-gawe, seneng-seneng, rame-rame, ayu-ayu, lan
sapanunggalane
(2)
Tembung
Dwilingga Salin Swara
Tembung dwilingga salin
swara yaiku tembung lingga yen dirangkep, nanging swarane owah/salin
Tuladha : bola-bali, mullah-mulih,
gonta-ganti, tuka-tuku, mesam-mesem, lan sapanunggalane
(3)
Tembung Dwipurwa
Dwi tegese loro, purwa
tegese wiwitan. Dadi tembung dwipurwa yaiku tembung sing dirangkep purwaning
tembung utawa wanda sing dadi wiwitane tembung.
Tuladha :
Mangan = ma + mangan =
mamangan =memengan
Tulung = tu + tulung =
tutulung = tetulung
Lara = la + lara = lalara
= lelara
Resik = re + resik =
reresik
(4)
Tembung
Dwiwasana
Tembung dwi tegese loro
lan wasana tegese pungkasan. Tembung dwiwaana iku tembung kang ngrangkep wasanane
utawa wanda sing pungkasan wae.
Tuladha :
Cenges = cengesnges = cengenges
Cekak = cekakkak = cekakak
Celuk = celukluk = celuluk
Nanging apa bener kaya
mangkono ? tembung dwiwasana yen dirunut saka linggane tegese bedane adoh
banget, mula tembung dwiwasana uga diarani tembung rangkep semu. Tegese, katone
kaya tembung rangkep, nanging sejatine dudu.
(5)
Tembung
Camboran ( Kata Majemuk)
(6)
Tembung camboran
yaiku tembung loro utawa luwih dienggo bebarengan, lan nuwuhake teges anyar. Tembung
camboran diperang dadi loro, yaiku:
a)
Tembung camboran
wutuh
Tembung camboran wutuh yaiku tembung loro dicambor/ dicampur
dadi siji lan sing dicambor wujude tembung wutuh.
Tuladha : omah gedgeg, sapu duk, sepedhah montor, rujak
uleg, sandhang pangan, lan sapanunggalane.
b)
Tembung camboran
wancah/ tugel
Tembung camboran tugel yaiku tembung loro dicambor dadi
siji, lan sing dicambor wujud wancahan utawa tugelane tembung.
Tuladha :
Paklik -> Bapak cilik
Budhe -> ibu gedhe
Bangjo -> abang ijo
Perko -> emper took
Lunglit -> balung kulit
Tidak ada komentar:
Posting Komentar