Senin, 20 Juli 2020

Jinise Tembung ing Basa Jawa kelas 7


Unsur Basa Teks Dheskripsi

Jinise tembung
Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10, yaiku :

1. Tembung aran (kata benda) yaiku tembung sing nerangake sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang.
Tembung aran diperang dadi loro, yaiku :
a)      Tembung aran sing kasat mata
Tuladha : gunung, jaran, jeep, pura, omah, dalan, segara, lan sapanunggalane.
b)      Tembung aran sing ora kasat mata
Tuladha : pemandhangan, kabudayaan, pariwisata, lan sapanunggalane
2.   Tembung kriya (kata kerja) yaiku tembung sing nerangake pagawean.
Tuladha : lunga, dolan, tuku, turu, numpak, nulis, mangan, njaluk, nggambarake, nerangake,ngowehi lan sapanunggalane.
3.  Tembung kahanan (kata sifat) yaiku tembung sing nerangake watak, sipat, lan kahanane samubarang.
Tuladha : adoh, cedhak, ayu, panas, sugih, kepenak, sengsara, luwe, panas, nengsemake, lan sapanunggalane.
4. Tembung katrangan (kata keterangan) yaiku tembung sing nerangake tembung aran, tembung kriya, lan tembung kahanan.
Tuladha : saiki, awan, bengi, sesuk, minggu ngarep, lan sapanunggalane
5. Tembung wilangan (kata bilangan) yaiku tembung sing nerangake cacahe utawa jumlahe barang lan pepangkatan.
Tuladha : siji, loro ,telu, sepuluh, selawe, seket, satus, sesendhok, sethithik, akeh, kabeh, pirang-pirang, separo seprapat,sak menit, ka-2 lan sapanunggalane
6. Tembung sesulih (kata ganti) yaiku tembung sing dadi sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang.
Tuladha : aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, kae, lan sapanunggalane
7. Tembung ancer-ancer (kata depan) yaiku tembung sing dienggo nyambung tembung kriya karo panggonan.
Tuladha : ing, saka, menyang lan sapanunggalane
8. Tambung panggandheng (kata sambung) yaiku tembung sing dienggo nggandheng gagasan loro utawa luwih.
Tuladha : nalika, karo, lan , banjur, mula, yen, manawa, sebab, lan sapanunggalane
9. Tembung panyilah (kata sandang) yaiku tembung sing dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wes genah.
Tuladha : sang, si, para lan sapanunggalane
10. Tembung panguwuh (kata seru) yaiku tembung sing nerangake rasa pangrasa.
Tuladha : ah! , adhuh!, oh!, hore!, ya ampun... !, lho!, haa!, lan sapanunggalane.

Adhedhasar materi ngenani jinise tembung ing dhuwur, para siswa nduweni tugas ngelompokake utawa ngidentifikasi saka Teks Deskripsi “Candi Borobudur” ing pertemuan sakdurunge (link YouTube https://www.youtube.com/watch?v=DapxOfizY2U ) miturut jinise tembung dhewe-dhewe.
Tuladha : Aku lunga ing Candhi Barabudhur karo kancaku minggu ngarep.

Tembung aran : Candhi Barabudhur, kancaku
Tembung sesulih : aku
Tembung kriya : lunga
Tembung ancer-ancer : ing
Tembung panggandheng : karo
Tembung katrangan : minggu ngarep

Note : Catetan ngenani jinise tembung wajib ditulis !

sumber :Buku Kirtya Basa Dinas Pendidikan Jawa Timur

1 komentar:

Struktur Layang Pribadi kelas 8

Ing ngisor iki babagan ngenani struktur Layang pribadi yaiku: 1.PAPAN lan TITI MANGSA : Nelakake alamat lan wektu panulisaning layang. Alama...