· Unsur Basa Teks Cerita
Cerkak
Unsur basa ing cerkak bisa katitik saka tetembungan kang
ana teks cerkak kasebut.
Ukara langsung lan ora langsung
Ukara langsung
(ukara
kandha) yaiku ukara sing jejere sing ngomong, utawa wong kapisan/
utama purusa sing ngomong. Ukara langsung dipocapake secara
langsung. Ukara ora langsung yaiku ukara sing ngomong/ nyritakake
wong katelu. Yen paraga utama dadi jejere crita, artine ukara mau diarani ukara
langsung. Yen paraga utama dadi lesane crita, artine ukara mau diarani ukara
ora langsung. Ukara ora langsung (ukara crita) biasane nyeritakake omongane
wong liya.
Tuladha ukara langsung (ukara
kandha) :
Bapak
ngendhika, “Aku ameh tuku bakso”.
“Tulung
tukokake sayur”, Dhawuhe ibu.
Guru
Ngendika “Dadi murid iku sing sregep sinau ben pinter.”
Presiden
ngendika “Toleransi iku kudu dijaga.”
“Bocahe
wis ayu yo pinter masak”, jarene kancaku.
Tuladhane ukara ora langsung (ukara
crita) :
Bapak
ngendhika yen arep lungo tuku bakso.
Ibu
dhawuh jaluk tulung ditukokake sayur.
Ngendikane
guru, murid kudu sregep sinau ben pinter.
Ngendikane
presiden, toleransi iku kudu dijaga.
Kancaku
kanda yen bocahe wis ayu yo pinter masak.
Adhedhasar materi ngenani ukara
langsung lan ora langsung ing dhuwur,
para siswa nduweni tugas ngidentifikasi lan mbedakake ukara sing kalebu ing
ukara langsung utawa ora langsung saka Teks Cerkak “Gusti
Niku Sae” ing pertemuan sakdurunge (link : https://nurlailiiftita.blogspot.com/2020/07/materi-cerkak-kelas-8.html.
note : catetan wajib ditulis
Gimana buk saya tidak bisa
BalasHapusSoalnya mana buk
BalasHapusSoalnya mana buk
BalasHapus