Jumat, 21 Agustus 2020

Unsur Basa Teks Wawancara Kelas 8

Unsur basa teks wawancara

     a. Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere nindakake pegawean utawa pakaryan. Jalaran nidakake pagawean titikane wasesane migunakake tembung kriya tanduk. Tuladha :

        1. Bu Siti mundhut gendhang raja setangkep.

       2. Sumantri nggoleki adhine.

     b. Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere dikenani pagawean utawa pakaryan. Titikane ukara tanggap wasenane migunakake kriya tanggap. Tuladha :

       1. Sapine diengon dening Sakri ing pinggir alas Jabon.

       2. Kripik gedhang agung didadekake unggulan kabupaten Lumajang.

     c. Ukara pitakon yaiku ukara sing isine nakokake sawenehe bab. Titikane ukara pitakon yaiku anane tembung pitakon. Jinise tembung pitakon akeh, antara liya : apa, sapa, pira, kapan, kepriye, geneya, ing endi. Tuladha :

       1. Punapa kemawon raos kripik pisang prodhuk panjenengan bu ?

       2. Biasanipun panjenengenan pikantuk pesenan saking pundi kemawon ?

       3. Kadospundi caranipun masaraken krikpik pisang punika ?  


Gladhen !

Gawea saben ukara cacahe 5 ukara wae !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Struktur Layang Pribadi kelas 8

Ing ngisor iki babagan ngenani struktur Layang pribadi yaiku: 1.PAPAN lan TITI MANGSA : Nelakake alamat lan wektu panulisaning layang. Alama...