Jumat, 21 Agustus 2020

Teks Wawancara Kelas 8

 Wawancara yaiku kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golek informasi, dene narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumber kudu wong sing ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake. Tujuane wawancara yaiku golek warta, informasi, katrangan ngenani sawehane bab kanggo kaperluan tartamtu. Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber.

 

2. Sajroning nindakake wawancara ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku :

            1. Nemtokake tujuan wawancara

            2. Nemtokake topik utawa tema sing arep ditakokake

3. Nyiapake dhaftar pitakonan minangka pedhoman nalika nindakake wawancara lelandhesan 5W+1H

      4. Nganakake pasetujon karo narasumber kanggo nemtokake papan panggonan lan wektu wawancara

      5. Nindakake wawancara lelandhesan dhaftar pitakonan kang wis disiapake supaya nalika nindakake wawancara bisa runtut lan genep, supaya pitakonan ora ana sing kliwatan, lan wawancara bisa tumata lan munjer

            6. Nulis bab-bab sing penting utawa ngrekam pacelathon

            7. Nggunakake unggah-ungguh sing apik kanggo ngajeni marang narasumber

Tuladha teks wawancara :

Topik                   :  Ndamel tahu
Tujuan                 :  Ngerteni carane ndamel tahu
Daftar pitakon     : 
Achmad               : “ Assalammualaikum! “
Pedagang             :  “ Waalaikumsalam. “
Achmad               :  “ Buk, kula badhe wawancara panjenengan pripun carane ndamel tahu.                          Napa ibu    saget? “
Pedagang             :  “ Bisa, ayo – ayo “
Achmad               :  “ Sinten namine ibu? “
Pedagang             :  “ Ibu Wardiyah “
Achmad               :  “ Bu kulo badhe tangklet napa wae bahan sing diperlukake kangge proses damel tahu? “
Pedagang             :  “ Dele, cuka (oleh saka endapan sari tahu), minyak goreng, lan solar (kanggo ngendalino mesin giling). “
Achmad               :  “ Pripun carane ndamel tahu? “
Pedagang             :  “ Tahap kesiji, dele direndem 5 jam. Tahap keloro, dele sing wes mari direndem di umbah sampek resik. Tahap ketelu, dele mau digiling terus dijupuk ampase kari patine. Tahap kepapat, dikei cuka lan diaduk terus dijarno, cuka dijupuk maneh. Tahap terakhir, saripati dicetak lan langsung digoreng. “
Achmad               :  “ Bu, wawancara niki sampun rampung. Kula lan rencang – rencang matur nuwun sanget kangge ibu. Kula lan rencang – rencang badhe pamit wangsul. Wassalamualaikum. “
Pedagang             :  “ Waalaikumsalam. “


Struktur teks wawancara iku kaperang dadi telu yaiku :

     a. Idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean teks sing nerangake titik (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane

     b. Klasifikasi / dhefinisi yaiku perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke

     c. Dheskripsi bagean yaiku perangan teks sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha


1 komentar:

  1. 1. Apa sing kok weruhi ngenani wawancara?
    2. Apa sing dimaksud narasumber lan pewawancara?
    3. Apa isine teks Wawancara ing dhuwur?
    4. Sapa sing nindakake wawancara?
    5. Jelasno isine wawancara ing dhuwur!

    BalasHapus

Struktur Layang Pribadi kelas 8

Ing ngisor iki babagan ngenani struktur Layang pribadi yaiku: 1.PAPAN lan TITI MANGSA : Nelakake alamat lan wektu panulisaning layang. Alama...