Jumat, 21 Agustus 2020

Unsur 5W lan 1H ing Teks Wawancara Kelas 8

 

Unsur 5W lan 1H ing teks wawancara:

     a. What, tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang.

     b. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong.

     c. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa gunane kanggo nakokake alasan.

     d. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu.

     e. Where, tegese ing endi. Tembung ing ngendi gunane kanggo nakokake papan panggonan.

     f. How, tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara.

Bab-bab sing kudu digatekake nalika wawancara:

     1. Ngerteni sapa sing diajak wawancara, luwih enom, sadrajat apa luwih tuwa.

     2. Ngetrapake unggah-ungguh basa cundhuk karo umure narasumber.

     3. Yen narasumber lagi omong aja nganti munggel rembug.

     4. Pitakon kudu runtut lelandhesan pedhoman wawancara.

 

Teknik nyusun asile wawancara

     Nulis teks asli wawancara ditindakake sawise nindakake wawancara karo narasumber. Ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku :

1.      Teks wawancara ditulis sawise nindakake wawancara

2.      Carane nulis sing takon minangka paraga pewawancara, sing mangsuli dadi paraga narasumber

3.      Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing ditulis utawa direkam nalika wawancara

4.      Dhata ditulis kanthi runtut lan ganep manut asil wawancara


Gawea ukara pitakon gawe unsur 5W lan 1H , saben ukara cacahe 5 !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Struktur Layang Pribadi kelas 8

Ing ngisor iki babagan ngenani struktur Layang pribadi yaiku: 1.PAPAN lan TITI MANGSA : Nelakake alamat lan wektu panulisaning layang. Alama...