Jumat, 21 Agustus 2020

Wujude Tembung kelas 7

 

Manut wujude tembung kaperang dadi loro, yaiku tembung lingga lan tembung andhahan:

       a. Tembung Lingga (kata dasar)

     Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale. Tuladha : omah, anak, putra, panas, dawa, sugih, lunga, tuku, klambi, anyar, apik, sapu, banyu, lan sapanunggalane.

       b. Tembung Andhahan (kata berimbuhan)

       Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale. Tuladha : diparingi, nulis, nyapu, gumuyu, anake, nggambarake, nambani, digawa, nyapu, ngombe, nyawang, nyolong, lan sapanunggalane. 

Pangrimbage/Pandhapuke Tembung Andhahan:

Tembung lingga bisa owah dadi tembung andhahan kanthi cara diwenehi wuwuhan (imbuhan), dirangkep, lan dicambor.

a)      Wuwuhan

Wuwuhan kaperang dadi telu, yaiku:

(1)   Ater-ater (Awalan)

Tuladha :

Tembung Lingga

Tembung Andhahan

Pangrimbage

Sapu

Nyapu

Any- + sapu

Omah

Saomah

Sa- + omah

Guru

Maguru

Ma- + guru

Gambar

Nggambar

Ang- + gambar

Thuthuk

Nuthuk

An- + thuthuk

Gawa

Kagawa

Ka- + gawa

Bathik

Mbathik

Am- + bathik

Pilih

Dipilih

Di- + pilih

Jupuk

Kojupuk

Ko- + jupuk

Timba

Daktimba

Dak- + timba

Sapu

Kasapu

Ka- + sapu



            (2) Seselan yaiku wuwuhan sing manggon ing tengahe tembung. Tuladha :

·                                     um [..um..+guyu=gumuyu]

·                                      in [..in..+carita=cinarita]

·                                      el [..el..+siwer=seliwer]

·                                     er [..er..+canthel=cranthel]

       (3) Panambang yaiku wuwuhan sing manggon ana ing mburine tembung. Tuladha :

·                                     i [kandh+i=kandhani]

·                                     ake [jupuk+ake=jupukake]

·                                     ne [teka+ne=tekane]

·                                     e [omah+e=omahe]

·                                     ane [jaluk+ane=jalukane]

·                                      ke [kethok+ke=kethokke]

·                                     a [dudut+a=duduta]

·                                     na [gawa+na=gawakna]

·                                    ana [weneh+ana=wenehana]

·                                     en [lepeh+en=lepehen]

·                                     ku [buku+ku=bukuku]

·                                     mu [klambi+mu=klambimu]

·                                    e [omah+e=omahe]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Struktur Layang Pribadi kelas 8

Ing ngisor iki babagan ngenani struktur Layang pribadi yaiku: 1.PAPAN lan TITI MANGSA : Nelakake alamat lan wektu panulisaning layang. Alama...