Jumat, 21 Agustus 2020

Drama Tradisional Kelas 9

 

Struktur teks naskah kethoprak bisa disumurupi liwat unsur intrinsik kang ana ing naskah. Unsur mau dumadi saka :

a. Tema, yaiku gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang digelar ing pementasan kethoprak.

b. Alur, yaiku tata urutan lumakune crita ing naskah/ pagelaran kethoprak. Kawiwitan saka pengenalan tokoh utamane, tuwuhing masalah kang dialami tokoh utama, ngrembakane masalah kang saya ngambra-ambra ndadekake critane saya muyeg, nganti mbledhose prakara/ masalah mau minangka klimaks-e. Wusana lagi tinemu dalan kanggo mungkasi crita, gumantung marang urutan critane. Sabanjure alur bisa digolongake dadi alur maju, alur mundur, lan alur campuran.

c. Setting/ latar, yaiku gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar. Dumadi saka gegambaraning panggonan, gegambaran waktu, lan gegambaran swasana nalika prastawa dumadi. Mula sabanjure setting kabedakake dadi telu, yaiku : setting waktu, setting panggonan, lan setting swasana.

d. Penokohan, yaiku nggambarake sapa sing dadi rol utama paraga utama, paraga penyengkuyung, serta nggambarake kepriye watak, lan sipate saben tokoh.

e. Amanat, yaiku pesan moral kang kinandhut in crita utawa pementasan kethoprak. Pesan moral iki kang sabanjure bisa dadi tuntunan tumrap sapa bae kang nonton.

Salah sijine cara nulis skenario bisa katindakake kanthi langkah-langkah iki :

     1. Nemtokake tema, idhe pokok drama

     2. Nemtokake paraga/ tokoh lan watak-watake

     3. Ngrancang alur (plot) crita, adegan lan dhialoge para tokoh/ paraga

     4. Nemtokake wektu, latar panggonane crita

     5. Miwiti nulis draf skenario karo nggambarake jiwane naskah

     6. Yen skenario wis dadi diwaca maneh bola-bali supaya luwih apik

1 komentar:

  1. Kerjakne pitakon-pitakon ing buku paket halaman 28 sakwise nyatet materi ing dhuwur

    BalasHapus

Struktur Layang Pribadi kelas 8

Ing ngisor iki babagan ngenani struktur Layang pribadi yaiku: 1.PAPAN lan TITI MANGSA : Nelakake alamat lan wektu panulisaning layang. Alama...