Struktur
teks naskah kethoprak bisa disumurupi liwat unsur intrinsik kang ana ing
naskah. Unsur mau dumadi saka :
a. Tema,
yaiku gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang digelar ing pementasan
kethoprak.
b. Alur,
yaiku tata urutan lumakune crita ing naskah/ pagelaran kethoprak. Kawiwitan
saka pengenalan tokoh utamane, tuwuhing masalah kang dialami tokoh utama,
ngrembakane masalah kang saya ngambra-ambra ndadekake critane saya muyeg,
nganti mbledhose prakara/ masalah mau minangka klimaks-e. Wusana lagi tinemu
dalan kanggo mungkasi crita, gumantung marang urutan critane. Sabanjure alur
bisa digolongake dadi alur maju, alur mundur, lan alur campuran.
c. Setting/ latar, yaiku gegambaran swasana
lumakuning crita kang ginelar. Dumadi saka gegambaraning panggonan, gegambaran
waktu, lan gegambaran swasana nalika prastawa dumadi. Mula sabanjure setting
kabedakake dadi telu, yaiku : setting
waktu, setting panggonan, lan setting swasana.
d.
Penokohan, yaiku nggambarake sapa sing dadi rol utama paraga utama, paraga
penyengkuyung, serta nggambarake kepriye watak, lan sipate saben tokoh.
e.
Amanat, yaiku pesan moral kang kinandhut in crita utawa pementasan kethoprak.
Pesan moral iki kang sabanjure bisa dadi tuntunan tumrap sapa bae kang nonton.
Salah
sijine cara nulis skenario bisa katindakake kanthi langkah-langkah iki :
1. Nemtokake tema, idhe pokok drama
2. Nemtokake paraga/ tokoh lan watak-watake
3. Ngrancang alur (plot) crita, adegan lan
dhialoge para tokoh/ paraga
4. Nemtokake wektu, latar panggonane crita
5. Miwiti nulis draf skenario karo
nggambarake jiwane naskah
6. Yen skenario wis dadi diwaca maneh
bola-bali supaya luwih apik
Kerjakne pitakon-pitakon ing buku paket halaman 28 sakwise nyatet materi ing dhuwur
BalasHapus