Wawancara yaiku kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golek informasi, dene narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumber kudu wong sing ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake. Tujuane wawancara yaiku golek warta, informasi, katrangan ngenani sawehane bab kanggo kaperluan tartamtu. Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber.
2. Sajroning
nindakake wawancara ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku :
1. Nemtokake tujuan wawancara
2. Nemtokake topik utawa tema sing
arep ditakokake
3. Nyiapake dhaftar pitakonan minangka
pedhoman nalika nindakake wawancara lelandhesan 5W+1H
4. Nganakake pasetujon karo
narasumber kanggo nemtokake papan panggonan lan wektu wawancara
5. Nindakake wawancara lelandhesan
dhaftar pitakonan kang wis disiapake supaya nalika nindakake wawancara bisa
runtut lan genep, supaya pitakonan ora ana sing kliwatan, lan wawancara bisa
tumata lan munjer
6. Nulis bab-bab sing penting utawa
ngrekam pacelathon
Struktur
teks wawancara iku kaperang dadi telu yaiku :
a.
Idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean teks sing nerangake titik (ciri),
barang, tandha lan sapanunggalane
b. Klasifikasi / dhefinisi yaiku perangan
teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke
c. Dheskripsi bagean yaiku perangan teks
sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha
1. Apa sing kok weruhi ngenani wawancara?
BalasHapus2. Apa sing dimaksud narasumber lan pewawancara?
3. Apa isine teks Wawancara ing dhuwur?
4. Sapa sing nindakake wawancara?
5. Jelasno isine wawancara ing dhuwur!